Pages

Ads 468x60px

15 April 2009

Cut Nya Dien

Cut Nyak Dhien, lahir ing Lampadang, 1848 lan wafate 6 November 1908, ing Sumedang, dimakamké ing Gunung Puyuh, Sumedang, kuwi sawijining Pahlawan Nasional Indonésia saka Aceh kang berjuang nglawan Walanda ing mangsa Perang Aceh. Sawisé wilayah VI Mukim diserang, panjenengané ngungsi, sauntara garwané, Ibrahim Lamnga mèlu perang nglawan walanda. Ibrahim Lamnga tèwas ing Gle Tarum tanggal 29 Juni 1878 kang nyebabaké Cut Nyak Dhien murka lan sumpah bakal numpes Walanda.

Teuku Umar, salah siji tokoh kang nglawan Walanda, nglamar Cut Nyak Dhien. Wiwitané Cut Nyak Dhien nulak, nanging amarga Teuku Umar ngidinaké mèlu perang, Cut Nyak Dhien setuju palakrama ing taun 1880 kang nyebabaké moral pasukan perlawanan Aceh tansaya ningkat. Tembé mburi Teuku Umar lan Cut Nyak Dhien kagungan putra kang asmané Cut Gambang. Sawisé nikah karo Teuku Umar, panjenengané bebarengan karo Teuku Umar nerusaké paperangan nglawan Walanda, nanging, Teuku Umar gugur wektu nyerang Meulaboh ing tanggal 11 Februari 1899, saéngga panjenengané berjuang dhéwé ing pedalaman Meulaboh karo pasukané. Cut Nyak Dien wektu semana wis tuwa lan duwé penyakit encok lan rabun, saéngga siji anakbuahé aran Pang Laot nglaporaké awit krasa mesakaké. Wusanané Cut Nyak Dhien dicekel lan digawa menyang Banda Aceh, kangggo dirawat lan penyakité wiwit mari, nanging, panjenengané banjur nambah semangat perlawanan rakyat Aceh sarta isih kekanthèn karo para pejuang Aceh kang durung kecekel, saéngga Cut Nyak Dhien banjur dipindah menyang Sumedang, Jawa Kulon, lan sabanjuré séda ing tanggal 6 November 1908 lan disarèkaké ing Gunung Puyuh, Sumedang.

0 komentar:

Dapatkan Uang dengan Join disini, GRATIS

Dukungan ku pada Indonesia

Cari Uang di Internet, klik disini

 

Sample text

Sample Text

Sample Text